Wingyenanek (19/09), isun ambi wong 4 kanca-kanca nisun mlaku-mlaku sedelok nyang bumi Blambangan, ketepa'an, ono promoan Rp 70rb kercis sepur nyang sak paran-paran jurusan sak Indonesia, dadi isun ambi lare-lare liyo juwut promoan iku, akhir e oleh KA Mutiara Timur (Surabaya-Byanyuwangai .pp) hang ngatarkan rombongan nisun nyang nggon tujuan.
Dung titik foto sepur hang sun biso jepret, mergo awak e sun dewe sing fit nemen, rodho' kurang turu. Buru ring Probolinggo (PB) isun biso njepret. Iki lho lek hasil e ring PB, sakjane sing ono hang spesial nong PB, mung ono gerbong lawas ambi lokkes 1.
 |
Gerong Herittage (sing weruh isun bengen di kanggo paran) |
 |
Gerbong lawas liyo nong PB |
 |
CC201 78 02 YK Lokkes PB |
Mari iki, isun langsung turu, baru pas ring Jatiroto isun nggirat, langsung njepret koyo paran stasiun e
 |
Stasiun Jatiroto |
Hang sun anteni akhir e teko ugo, KA Mutiara Timur hang sun tumpaki teko ring Stasiun Jember, apuwo gedigu? soal e Jember iku tempat e lokomotif lawas, terutama seri BB, jenis Diesel Hidrolik (sing ngerti yo? cobo riko googling deh :D) pas teko nong JR, ketepakan ono rangkaian e KA Pandanwangi (Jember-Byanyuwangai .pp) arep dilangsir nyang jalur 6, pas iku, penampakan hang sun anteni muncul...BB303 80 01 (38) JR ono ring jalur 5 hang sak durunge ketinggulyan KA Pandanwangi hang arep dilangsir. Iki penampakan e lek...
 |
BB303 38, spesialis langsir JR |
 |
cuCCu lan mBBah bersandingan |
 |
Pandanwangi ring jalur 6 (Jalur simpan JR) |
Hang sun weruh nong perjalanan iki, masinis iku mesti ganti ring JR, soal e masinis JR hang weruh trek e Jember-Byanyuwangi iku koyo paran, sakjane persis koyo nong Daop 2 Bandung, Jawa Barat, cuma, trek ring kene sing nggawe Gongsol (rel tambahan dung rel e nikung), dadi masinis mesti extra serantan, sing biso ngebut nemen, salah-salah biso anjlok. Kontur lemah hang munggah mudun khas pegunungan nggarakno trek iki angel kanggo lokomotif Diesel Elektrik biso ngelibas jalur iki, tangan masinis mesti dulinan throttle ambi rem, sing koyo lok spesialis jalur iki jenis diesel hidrolik hang throttle e model koyo setir mobil, dadi kari diputer-puter byaen. Iki ono titik foto pemandangan lintas iki.
 |
Pemandangan lintas Jember-Banyuwangi |
Akhir e tepat waktu jam 15.30, KA Mutiara Timur taker ring Stasiun Byanyuwangi Baru, isun mudun langsung disambut lokomotif BB301 65 10 JR, sebagai lok langsir Byanyuwangai. iki penampakan e
 |
BB 301 65 10 JR |
 |
Ngelangsir Rangkaian |
 |
Arep Mlebu nyang dipo |
Sakmarine iku, isun nglako'no ritual wajib (wenaaak :D) dung isun nyang Byanyuwangi, yaiku nyabrang sedelok nyang Bali lan balik maning mesisan deleng sunset, iki foto pemandangan e...
 |
Langit cerah, ojo sampe kecemar |
 |
Sunset ketutup awan, khas Selat Balai (Lare Osing ngomong Bali iku Balai :D) |
Wis sakmono byaen tulisan ku, kesuwon yo lek wis moco :D