Friday, December 9, 2016

Night Hunt with Meme (1-12-2016)

Yah...aku ngetik tulisan maneh :v jane aku yo wes suwe ra ngepost amergo aku dikon bedrest ambek dokter, yah...akhir e wes tanggal piro, aku baru iso ngepost hasil huntingku awal bulan wingi, tapi rapopo wes...wong gak di AdSense kok :v sembarang :v


Dadi dino iku sakjane lumayan dadakan planning e, mergo janjian hunting meh 2 dino sakdurunge eksekusi, ditambah pas hari H ne kuto Malang diguyur udan deres kaet sore sampe bengi jam 8-an. Sing unik teko sesi iki ialah, dudu aku sing ngelingno sesi foto, tapi cah talent e sing nagih, mestine kewalik :v sing njepret sing ngelingno.
Sempet ono keraguan barang mergo dino iku udan, dadine aku mek iso mbales "ndelok sikon sek ngkok" nang cah talent e, so...dadi ne yo ngene lah..monggo disemak hasil-hasil e :3

Info lengkap talent+kit:
Talent : Dewi "Meme" Megasari
Asal: Blitar
Tustel sing di nggo motret: Nikon D7000
Lensa: 35 mm fix, f/1.8
Speedlite: Yongnou YN650

Sing pertama ono "Ngadek mood":v ono sing ndek tengah e taman, ono sing pinggir embong :3 oiyo...lali ngomong lek sesi iki diadakne ndek Taman Ijen, ndek Jalan Raya Ijen, Kota Malang, luwih tepat e ndek ngarep e Museum Brawijaya.


Mergo akeh cahaya dadine penak ae diedit nge-flare :v



Muka sendu...njajal disit, siapa tau iso :v
Sing kedua ono mode lungguh
Gak eroh arep nulis opo iki :v apik soal e :3

Dalam heningku, kuserahkan hidupku padamu, Gusti....

Hapean disit :v

Ndelok opo se? :v



Dan sing mungkasi hunting dino iku, lungguh ndek beton :v



Oiyo, lali, ono perbedaan werno ndek pirang-pirang foto, kui mergone pas mlebu tahap editing pas didukne kecerahan e werno e melok ganti, sing awal e abu-abu dadi rodo biru, yawes sekian ae, maturnuwun wes ndelok postingan iki, Wassalam :)

Monday, November 14, 2016

Njepret Konco Railfans pas Acara Hunting Bareng RF+444 Malang (13-11-2016)

Yap, postingan kali iki isine njepret koncoku, podo-podo Railfans e, pas acara Hunting Bareng GMLS sing diadakne Komunitas Railfans Malang Raya (RF+444) tanggal 13 November wingi. TKP acara iki gak lain-gak bukan sekitaran daerah Karangkates, Malang, gak jauh bedo karo postingan sakdurunge iki, nah...gak atek suwe, iki lho...cah-cah e

Uming Sekar
Salah siji srikandi ne Railfans Blitar, cah ayu Srengat iki nduwe minat sing duwur ning dunio Fotografi, terutama foto sepur. Gak ketinggalan, cah iki yo penak dijak foto model, dianugerahi rupo sing manis nan penak didelok dadi nilai plus e cah iki.

Berikut aksine




Retna "Dhe"
Photogenic, Gingsul, Ramah, iki sing iso nggambarne cah SMA 1 Ponggok iki, selain celukan e sing guampang, cah manis siji iki juga luweh luwes timbang kanca sak sekolahan e iki.

Berikut lenggak-lenggok e







 

Sing 2 iki sengojo tak pisah ne gae perbandingan, luwih penak didelok sing endi menurut sampean sedoyo?


Wes,,,sakmono ae, sekian maturnuwun :)

Hunting sedelok ambek Diba (11-11-2016)

Hai rek..sing wes kulino moco blog ku...aku mbalik maneh ndek blog sing gak iso di Adsense-i iki...dino iki aku arep nyuguhne hasil njepret modelku 3 dino kepungkur, mesio sedelok lan hasil e titik, tapi gakpopo wes :D

Singkat Cerita
Ancene singkat, dadi ceritane aku wes dikabari sedino sak durunge penjepretan ambek sing nduwe gawe, sing gak liyo yo konco ku dewe, sam Nelson Yonathan. Ceritone si Nelson arep nyilih speedlite ku, jarene arep moto model indoor , aku yo gak iso nyilihno sembarangan mergone aku dewe yo wedi lek ono opo-opo karo speedlite e (larang, beh... :3 ), akhir e gak sido nyilih, nah akhir e aku dijak melok njepret, dan deal tanggal 11 November eksekusine.

Tempat e iki ndek Terowongan sepur Dwi Bhakti Karya, ndek sekitaran deso Karangkates, kecamatan Sumberpucung, Malang kabupaten, ndek kono ancen terkenal apik, dadi iso lah digae njepret model masio rodo' angker jeru ne terowongan (sampek si model e keweden :3 )

Akhir e teko ndek TKP, sesi wes berlangsung dan aku langsung join, kit wes siap dan jepret. Oiyo lali :v jeneng model e iki, Adibah Zhafirah, sing gak liyo koncone Nelson.

(halah kesuwen, iki lho hasil e)


It starts with...one thing..i don't know why (eh...nyanyi :v )

Things aren’t the way they were before, you would'nt even recognize me anymore...

Sakjane pas aku teko model e arep mudun polae arep genti lokasi, tapi langsung tak cegat (enak ae wong aku yo durung njepret mbek kenalan kok :v ) dadine, 2 foto ning nduwur iki, nah, foto ke 2 iki sengojo tak gae Black and White karo filter Film Grain, opo'o demikian? mergone pose ne pas :)


Dan iki pas ngisor, tepat e model e tak kongkon lungguh ndek rel :3

Untung gak ono sepur :) lungguh disek ah... :v

Sayang...nganti memutih rambutku...ra bakal luntur tresno ku (malah nyanyi :v)





Nah 2 foto iki sekedar dadi perbandingan ae, menurut pemirsa iki endi sing mendingan :)



Menatap masa depan cerah :v

Sedikit Close Up :

Hape an tok ae dek, mana hape ne hape citul maneh :v

Dan ndek sesi iki aku mesti mbalik disik an, mergone aku ono janji wawancara ambek narasumber gae pers kampus ku :3 
Wes sakmono ae, maturnuwun wes moco postingan iki, Wassalamualaikum Wr Wb :)

Sunday, October 23, 2016

Last Day of 2016 made K3 trainset of Mutiara Selatan Train (Sengon, 20 Oktober 2016)

Ojo ketipu ambek judul e...postingan iki panggah nganggo Boso Jowo kok...
Sak lepase dino kamis (20/10) iku wes dino terakhir Sepur Mutiara Selatan rangkaian K3 (ekonomi) anyar gawean tahun 2016 sing dilaunching ulang tanggal 3 Oktober 2016 kepungkur, sak wis e, Mutiara Selatan balik nganggo K2 (bisnis) maneh sing sak durung e tau dikanggo dadi sepur Singosari Ekspres (Suroboyo Gubeng-Malang pp dalan e pas weekend), dadi ceritane pas iku penulis suwung ndek omah, amergo ne ra ono kuliah, dadi tak pikir tak gae hunting cek gak suwung keroso, dan Stasiun Sengon ndek Pesuruan kabupaten dipilih karena panorama ne ancen apik, selain akeh munggah mudun ambek akeh sawah, juga dadi sarana olahraga, mergo seko stsasiun nang spot fotone lumayan adoh, se-enggak e ono sak kilometer an (1 Km an) jare wak PPKA sing tak jaluki izin ambek tak takoki winginane (20/10). Dadi langsung ae masuk neng foto pertama.


Dan sing mbuka hunting dino iku, sepur 464 Dhoho/Penataran sing dipunggawai CC201 77 11 SDT, dan sakjane foto pertama iki sing aku rodo' kaget, polae sinyal keluar wis ngangkat tapi sepur e ora jebul muncul, mlaku ku wes entuk sak kilometer, leren sek moro sepur e jebul, dan komposisi ne pas, hampir menyerupai grafik.
KA Penataran 464 feat CC201 77 11 SDT melintas langsung SN

Dan masih berkutat di Penataran, sepur 463 muncul seko arah lor, meh kacek kurang lebih 15 menitan.
KA 463 Penataran feat CC201 77 02 SDT munggah nang SN
Dan ngenteni suwe, sepur nomor wahid sak lintas, 46/43 Bima sing podo melintas langsung ndek stasiun cilik ndek kidul e Kabupaten Pasuruan, tapi iki njupuk neng sisi kidul e stasiun, mudun neng sawah, dadine koyok ngene :3
KA 46/43 Bima feat CC206 13 99 YK
Dan ndek dino iku sing spesial, nomor 2 sih, yaiku sepur Ketel 2621C, sing biasane pasti telat, dan dino iku melintas Sengon pas dino sek padang, iki fotone
KA Ketel 2621C feat CC206 13 48 SDT munggah nang SN
Menjelang akhir hunting, dan moment utama sing tak enteni suwi, ono KA Tawang Alun ambek KA Mutiara Selatan sing pas dino iku nganggo K3 2016 terakhir kali ne iki fotone

KA 210 Tawang Alun feat CC201 92 11 JR eks Sumatera
 Dan inilah, yang ditunggu-tunggu
KA 131L Mutiara Selatan feat CC206 13 52 SDT lan rangkaian K3 2016 terakhir sing digeret

Dan wes iku ae jepretanku, maturnuwun wes moco, Wassalam....

Thursday, October 13, 2016

Black, in Cloudy Cold Day (9-10-2016)

Assalamualaikum, dulur-dulurku sing wes kulino moco blogku, aku ngetik maneh :D
Sakjane aku akeh sing arep atk tulis dan wes sak arat-arat hasil jepretanku pirang-pirang wulan kepungkur iki, dan saiki aku arep nyuguhno hasil fotoku, biasa wes, modelling ra modal :v golek e sing murah sing mbayare mek mbayari mangan tok :3

Sesuai judul e sing keminggris, ancene dino iku cuacane mendung, ambek wes diguyur gerimis sak durung e sesi pemotretan, tapi iku ra dadi masalah, panggon e pun rodo'tutupan, dan memang baju e werno ireng, dadine klop, mungkin iki me'kebetulan sih, suasana ati ne deƩ yo podo karo cuaca dino iku (tenanan lho...), wes...ra patek suwe, langsung ae tak njelentrehno :3


Panggon foto: Siluet Cafe, Malang
Model: Zizah El Rahma
Kit foto: Nikon D7000, Lensa Nikkor 35mm VR F/1.8, Speedlite YN650





Jareku sih iki wes pas karo howo dino iku




Jasmerah! Masio wong kiwo tetep ae ojo dilalekno

Terus ono siji foto sing lek iso dibilang iki foto endorse, yo iki koyok e tepa'

Kritis adalah cara untuk kita mengetahui keadaan yang tidak beres disekitar, mari membuka itu dengan membaca, Majalah Perspektif, Sajikan Wacana Kritis

Njajal Close Up diluk :3
Kok kowe ngono sih :(

Tak senyumi ae wes

Lanjut ndek kursi :3


Munggah menduwur titik, rodo'teles sih jane, tapi okelah....



Refleksi nyaris sempurna :3

Refleksi nyaris sempurna :3 (2)


Asline sih "Never say old":3 tapi okelah...







Dan iki foto-foto sing bakal mungkasi hunting dino iku







Dan foto melet iku mang sing mungkasi postingan blog iki, dan sakjane hunting dino iku yo dadi eksperimen ku juga, soal e speedlite YN650 e kui sek tas tuku, ambek beberapa foto ireng-putih kui yo hasil coba-coba, dadi, maturnuwun wes moco blogku :)

Sekian, dan terima jasa foto, Terimakasih

Wassalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh :)