Ojo ketipu ambek judul e...postingan iki panggah nganggo Boso Jowo kok...
Sak lepase dino kamis (20/10) iku wes dino terakhir Sepur Mutiara Selatan rangkaian K3 (ekonomi) anyar gawean tahun 2016 sing dilaunching ulang tanggal 3 Oktober 2016 kepungkur, sak wis e, Mutiara Selatan balik nganggo K2 (bisnis) maneh sing sak durung e tau dikanggo dadi sepur Singosari Ekspres (Suroboyo Gubeng-Malang pp dalan e pas weekend), dadi ceritane pas iku penulis suwung ndek omah, amergo ne ra ono kuliah, dadi tak pikir tak gae hunting cek gak suwung keroso, dan Stasiun Sengon ndek Pesuruan kabupaten dipilih karena panorama ne ancen apik, selain akeh munggah mudun ambek akeh sawah, juga dadi sarana olahraga, mergo seko stsasiun nang spot fotone lumayan adoh, se-enggak e ono sak kilometer an (1 Km an) jare wak PPKA sing tak jaluki izin ambek tak takoki winginane (20/10). Dadi langsung ae masuk neng foto pertama.
Dan sing mbuka hunting dino iku, sepur 464 Dhoho/Penataran sing dipunggawai CC201 77 11 SDT, dan sakjane foto pertama iki sing aku rodo' kaget, polae sinyal keluar wis ngangkat tapi sepur e ora jebul muncul, mlaku ku wes entuk sak kilometer, leren sek moro sepur e jebul, dan komposisi ne pas, hampir menyerupai grafik.
![]() |
KA Penataran 464 feat CC201 77 11 SDT melintas langsung SN |
Dan masih berkutat di Penataran, sepur 463 muncul seko arah lor, meh kacek kurang lebih 15 menitan.
![]() |
KA 463 Penataran feat CC201 77 02 SDT munggah nang SN |
Dan ngenteni suwe, sepur nomor wahid sak lintas, 46/43 Bima sing podo melintas langsung ndek stasiun cilik ndek kidul e Kabupaten Pasuruan, tapi iki njupuk neng sisi kidul e stasiun, mudun neng sawah, dadine koyok ngene :3
![]() |
KA 46/43 Bima feat CC206 13 99 YK |
Dan ndek dino iku sing spesial, nomor 2 sih, yaiku sepur Ketel 2621C, sing biasane pasti telat, dan dino iku melintas Sengon pas dino sek padang, iki fotone
![]() |
KA Ketel 2621C feat CC206 13 48 SDT munggah nang SN |
Menjelang akhir hunting, dan moment utama sing tak enteni suwi, ono KA Tawang Alun ambek KA Mutiara Selatan sing pas dino iku nganggo K3 2016 terakhir kali ne iki fotone
![]() |
KA 210 Tawang Alun feat CC201 92 11 JR eks Sumatera |
![]() |
KA 131L Mutiara Selatan feat CC206 13 52 SDT lan rangkaian K3 2016 terakhir sing digeret |
Dan wes iku ae jepretanku, maturnuwun wes moco, Wassalam....
No comments:
Post a Comment