Sunday, October 23, 2016

Last Day of 2016 made K3 trainset of Mutiara Selatan Train (Sengon, 20 Oktober 2016)

Ojo ketipu ambek judul e...postingan iki panggah nganggo Boso Jowo kok...
Sak lepase dino kamis (20/10) iku wes dino terakhir Sepur Mutiara Selatan rangkaian K3 (ekonomi) anyar gawean tahun 2016 sing dilaunching ulang tanggal 3 Oktober 2016 kepungkur, sak wis e, Mutiara Selatan balik nganggo K2 (bisnis) maneh sing sak durung e tau dikanggo dadi sepur Singosari Ekspres (Suroboyo Gubeng-Malang pp dalan e pas weekend), dadi ceritane pas iku penulis suwung ndek omah, amergo ne ra ono kuliah, dadi tak pikir tak gae hunting cek gak suwung keroso, dan Stasiun Sengon ndek Pesuruan kabupaten dipilih karena panorama ne ancen apik, selain akeh munggah mudun ambek akeh sawah, juga dadi sarana olahraga, mergo seko stsasiun nang spot fotone lumayan adoh, se-enggak e ono sak kilometer an (1 Km an) jare wak PPKA sing tak jaluki izin ambek tak takoki winginane (20/10). Dadi langsung ae masuk neng foto pertama.


Dan sing mbuka hunting dino iku, sepur 464 Dhoho/Penataran sing dipunggawai CC201 77 11 SDT, dan sakjane foto pertama iki sing aku rodo' kaget, polae sinyal keluar wis ngangkat tapi sepur e ora jebul muncul, mlaku ku wes entuk sak kilometer, leren sek moro sepur e jebul, dan komposisi ne pas, hampir menyerupai grafik.
KA Penataran 464 feat CC201 77 11 SDT melintas langsung SN

Dan masih berkutat di Penataran, sepur 463 muncul seko arah lor, meh kacek kurang lebih 15 menitan.
KA 463 Penataran feat CC201 77 02 SDT munggah nang SN
Dan ngenteni suwe, sepur nomor wahid sak lintas, 46/43 Bima sing podo melintas langsung ndek stasiun cilik ndek kidul e Kabupaten Pasuruan, tapi iki njupuk neng sisi kidul e stasiun, mudun neng sawah, dadine koyok ngene :3
KA 46/43 Bima feat CC206 13 99 YK
Dan ndek dino iku sing spesial, nomor 2 sih, yaiku sepur Ketel 2621C, sing biasane pasti telat, dan dino iku melintas Sengon pas dino sek padang, iki fotone
KA Ketel 2621C feat CC206 13 48 SDT munggah nang SN
Menjelang akhir hunting, dan moment utama sing tak enteni suwi, ono KA Tawang Alun ambek KA Mutiara Selatan sing pas dino iku nganggo K3 2016 terakhir kali ne iki fotone

KA 210 Tawang Alun feat CC201 92 11 JR eks Sumatera
 Dan inilah, yang ditunggu-tunggu
KA 131L Mutiara Selatan feat CC206 13 52 SDT lan rangkaian K3 2016 terakhir sing digeret

Dan wes iku ae jepretanku, maturnuwun wes moco, Wassalam....

Thursday, October 13, 2016

Black, in Cloudy Cold Day (9-10-2016)

Assalamualaikum, dulur-dulurku sing wes kulino moco blogku, aku ngetik maneh :D
Sakjane aku akeh sing arep atk tulis dan wes sak arat-arat hasil jepretanku pirang-pirang wulan kepungkur iki, dan saiki aku arep nyuguhno hasil fotoku, biasa wes, modelling ra modal :v golek e sing murah sing mbayare mek mbayari mangan tok :3

Sesuai judul e sing keminggris, ancene dino iku cuacane mendung, ambek wes diguyur gerimis sak durung e sesi pemotretan, tapi iku ra dadi masalah, panggon e pun rodo'tutupan, dan memang baju e werno ireng, dadine klop, mungkin iki me'kebetulan sih, suasana ati ne deƩ yo podo karo cuaca dino iku (tenanan lho...), wes...ra patek suwe, langsung ae tak njelentrehno :3


Panggon foto: Siluet Cafe, Malang
Model: Zizah El Rahma
Kit foto: Nikon D7000, Lensa Nikkor 35mm VR F/1.8, Speedlite YN650





Jareku sih iki wes pas karo howo dino iku




Jasmerah! Masio wong kiwo tetep ae ojo dilalekno

Terus ono siji foto sing lek iso dibilang iki foto endorse, yo iki koyok e tepa'

Kritis adalah cara untuk kita mengetahui keadaan yang tidak beres disekitar, mari membuka itu dengan membaca, Majalah Perspektif, Sajikan Wacana Kritis

Njajal Close Up diluk :3
Kok kowe ngono sih :(

Tak senyumi ae wes

Lanjut ndek kursi :3


Munggah menduwur titik, rodo'teles sih jane, tapi okelah....



Refleksi nyaris sempurna :3

Refleksi nyaris sempurna :3 (2)


Asline sih "Never say old":3 tapi okelah...







Dan iki foto-foto sing bakal mungkasi hunting dino iku







Dan foto melet iku mang sing mungkasi postingan blog iki, dan sakjane hunting dino iku yo dadi eksperimen ku juga, soal e speedlite YN650 e kui sek tas tuku, ambek beberapa foto ireng-putih kui yo hasil coba-coba, dadi, maturnuwun wes moco blogku :)

Sekian, dan terima jasa foto, Terimakasih

Wassalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh :)