Assalamualaikum, rek! Yo opo kabare? Mugi-mugi sampean kabeh seger waras lan sek di rahmati ambek Tuhan Sing Moho Kuoso, mugo ae sampean gak blenger moco tulisanku ndek blog sing elek iki :v oiyo, gak koyok biosone sing aku ngetik nganggo boso Palembang koyok sing wis liwat (artikel sing tak tulis sak durunge iki yo nganggo boso Palembang mergo cah model e wong Swarnadwipa :v ), aku balik meneh ngetik nganggo boso Jowo timuran koyok sing mbiyen, bukan e opo-opo seh, tapi ancen lagi pengen ae...
Oiyo, balek maneh nang judul e awak dewe, Korean Street Style , sakjane aku ra sepiro ngikuti sing ono kaitane ambek Korea, kecuali Korea Lor lho...iyolah, wong moco Jawa Pos yo isine Korlor (Korea Lor :v ) gegeran ambek USA sampek nggarai gonjang-ganjing sak dunio, sing apene perang dunio 3 lah, wis ono riwayat e lah, aku sampe mblenger moco ne :v , aku sih manut opo jarene Gusti Allah..nerimo ae. (Halah! wes talah yan...maleh mbahas Korea lor...balik maneh nang topik! :v ) tapi berhubung iki mbak model e njaluk e koyok ngono, yaweslah aku manut.
Ngomong-ngomong soal mbak model e, iki jenenge mbak Niken Ayu, 35 tahun (kuewut tenan seh... :v ) asal Jakarta, duwur e meh podo ambek aku, dan wes berkecimpung ndek dunia fotomodel pro sekitar 3 tahun luweh (koyok e sih, aku lali takon :v saking aku ngebet e pengen jepret mbak ayu sing sitok iki), kenalan sek, bar iku pas rodo'akrab aku njaluklah hunting ambek de'e pas aku nang Jakarta, dan akhir e baru kedaden dino Jumat (7/7) nang sekitaran omah e de'e ndek Pasar Minggu.
Dan akhir e sak marine Jumatan, aku langsung njlujur numpak KRL (Sepur Listrik khas Jabodetabek) nang, dan ternyata pas ketemu ambek wong e, aku langsung dijak nang lokasine. Berhubung temane Street style, rupane gak terimo iku ndek pinggir embong, tapi nang tengah embong! Pueh! Cek wani e mbak iki, tambah greget e, embong e kui ndek underpass...dan hasil njepret ndek tengah e embong, kiro-kiro hasil e koyok ngene iki, rek....
 |
The sun...goes down...I feel the light betraying.. |
 |
Kabeh mlaku ne buanter, sampe mumet ndelok e |
 |
Sepurane elek, iki me' coba-coba :v |
Dan akhir e mlipir nang pinggir, yo, pinggir embong tapi iseh ndek
underpass
 |
You used to captivate me...by your resonating light.. |
 |
I don't know who to trust...no surprise.. |
Oke cukup buat nyanyine lan galau-galau e, dan saiki lokasi genti nang JPO utowo Jembatan Penyebrangan Orang sing wis gak kepake, nah, awal e aku yo rodo'ragu apene mlebu, tapi yo mbak iki cek kendel e nekat mlebu nang jembatan sing wes tutupan iki, tapi ya ngono, aku panggah mlebu :v dan kurang lebih koyok ngene iki hasil e...
Ketika keadaan sudah mulai aman, dia muali menanggalkan jaketnya...jaket e tok lho...ojo pikiran sing aneh-aneh sampean...
 |
Hai kakang sing ganteng...kok sampean iso memikat hatiku se (mimpi koen yan :v ) |
 |
Dia meliuk bung :v |
Dan pas koyok ngene, aku koyok biasane, menyebarkan suatu ideologi, eman e, aku lali nggowo buku sing tak pake nang foto sak durunge iki, tapi aku ndek Jakarta ono e buku iki :v Mein Kampf by Adolf Hitler the Dictator
 |
Sepertinya aku akan membuka ruang hidup untuk bangsaku (yah...cuma kutipan dari Hitler, gak tenanan) |
Cukup gae indoktrinisasi ne
 |
Oke, tak mulaikan... |
 |
Eh...ra sido ding, adem :v |
Ndek segmen pemungkas iki, sak wis e jepret ndek kretek gae nyabrang wong sing marai geger wong sing ndek ngisor, akhir e awak dewe pindah, nang pinggir rel, nggon sing paling tak senengi :v dan koyok ngene hasil e...
 |
Bayanganku malah lek pose koyok ngene ndek tumpukan rel lawas sing wes teyengen malah dadi koyok wong sangar mbak e iki :v |
Dan wes...iku ae gae mungkasi hunting iki, aku balik nang omah, barengan ambek mbak (eh...tante opo mbak yo :v ) Niken budal kerjo sing sak arah numpak KRL (de'e mudun JAKK, aku MRI) dan wes...aku mudun MRI, aku say goodbye ambek mbak Niken...dan kui mungkasi juga artikel iki, Maturnuwun wes moco or ndelok, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh....
Have a nice day :) ojo lali ngombeh kopi ben seger...