Wednesday, August 16, 2017

Hunting KLB Ukur Galunggung lan KLB Rel Kosongan ring Kulon (14-8-2017)

Assalamualaikum, dulur, kelendi kabyare? Mugo byaen riko kabeh mageh sehat-seger-waras lan diparingai berkah teko Gusti Allah kang nguweni urip ikai...
Kali iki isun arep nge-share huntingan isun (maning hang ke sewau, sing ngempos-ngempos), isun nong rel maning lan kali iki ono Moment hang biso dibilang jarang ono, mergone paran? Mergo wes sing ono sepur nyang arah kulon (Tanahabyang-Merak ring Byanten) hang make lokomotif maning, terutamya Tanahabyang-Rangkasbitung, mung KRL kabeh, dadi iki biso dikatakan spesial.

Isun sebenere sing dewekan, isun hunting ambi sir-sirane isun, apuwo? Soal e de'e hang weruh panggon foto ne, maklum byaen isun kan dudu lare Parungpanjang, eh iyo, isun lali, kali ikai isun hunting e nong sekitaran e Parung Panjang, Kabupaten Bogor, Jawa Barat, nah, iki rodo' marai bingung, bahasan e rel daerah banten apuwo kok ono Bogor hang bedo provinsai? Simple byaen jawabane, byates daerah sing saklawase mung garis maksret byaen, dadi ojo kaget dung ono daerah hang misale riko ono nang omah sopo mlaku 10 meteran wes bedo kabupaten, gedigau dulur...

Halah..wes...sing atek suwi maning, isun wehi iki hasil e :3

Hang Pertama, ono KLB 10454 alias KLB KAUR Galunggung (SU 3 16 01) gyawean e PT INKA Madiun. Iki isun juwut gambar e nong jembyatan Rancabelut, iki lho gambyare

KLB KAUR Galunggung 10454 tampak depan

Tampak Belakang KLB KAUR Galunggung

Nah, sak wis e KAUR Galunggung hang nerusno perjalanan nyang Merak, isun geser nong Tiber Cimatuk nong tengah e lintas stasiun Cilejit lan Parungpanjang, kango motret KLB rel kosongan 10389 hang balik nong Bangil ring Pasuruan, iki lokone kang narik iki CC203 26 posisi kabin lokone kae Long Hood mergo nong Rangkasbitung sing ono Turntable kanggo muteri lokone ikau. 

Dan ono hang spesial ring moment kali ikai...penasaran, deleng byaen dewek...

Alah...masyaallah...kobong geni lur...

Maning pak masinis...

Oh iyo, hang pengen deleng Versi Gerak e biso klik link ikai, hang werno birau (biru)

Eh iyo, mergo baline KLB Galunggung muko iku sore, nomor e pun gyanti dadi KLB/Kp 10401, isun akhir e geser nong...nggon hang sing ono jenenge, tapi jaryene sir-siran e isun jenenge Cibunar, dan iki ono pembukane

Pemandangan Biasa
Apes e isun -_- moment wes cedak, kamera isun habis baterene, dadi mung biso foto make hape, iki delengen dewe lur...

Pecah? iyo

Cidek men...
Yawes...gedigu byaen, sun wes sing biso ngomong maning, sepuryane hang akeh kadung isun ono salah-salah kata..Wassalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh...

2 comments: