Sunday, June 19, 2016

Hijab Syarí Hunt (17-06-2016)

Assalamualaikum Wr.Wb...

Yo'opo kabare sedoyo? Mugo ae riko seger waras :D kali iki aku arep nge-share hasil jepretan ku pas dino Jumat (17/06) wingi, karena iki sek mlebu bulan poso Ramadhan, dadi sing tak share iki hijab syar'i, iku lho sing tutupan kuabeh...terus opo'o kok dijepret atek model barang? Aku yo ora eruh, sing pasti lek arep nggawe tema sing iki mesti serius, gak main-main, diniati jiwo-rogo :3. Oke wis gak atek suwe, iki cerito ne :)

Singkat cerito, aku entuk broadcast-an teko koncoku, sing kebetulan dadi Make Up Artist sing isine bakal diadakne sesi hijab syar'i mene jumat sore mesisan bukber, yah kurang lebih ngono wes....Dadi event iki diselenggara'ne karo Zix Zax Photography & Revitalize Pictures, bertempat ndek Taman Kunang-kunang, Kuto Malang.

Model'e:  
  • Novya Setya 
  • di..sayidan..#eh...Saiyidi :v 
Make Up Artist: Magihouse (by mak Nirmala Gita) 
Wardrobe Supported by: Cattzy Olshop 

Lha...pas penyelenggaraan'e dibagi-bagi 10 menit siji model, dadi karena ono 2 model, dadi ono pergantian klambi, dadi dimulai ae ambek sing pertama karo ning Novya selaku momod (model) e


Paran bisone isun iki kang :3

Sudut pandang ranting :v




Menjelang pergantian shift, minggir sek nang lapak e wong :v ono neng Saiyidi :)


Balik delok nang Novy ne sek :v

 


Nah...wes mlebu pergantian shift sing ke-2, momod e wes podo genti klambi, dadi ne aku entuk neng Saiyidi :3 kebetulan arek-arek nduwe ide arep momod e macak moco buku, kebetulan aku nggowo binder dadine disilih :v




iki ngguyu palingan ndelok catatanku sing akeh2 teori sosial iki :v


Senyum sing ngomomg "Sodaqallahuladzim" wayah e ganti

Mbalik nang Novy maneh...




Hari makin larut, dan suasana semakin peteng (adane ndek tengah alas ae :v, eh ancene ndek hutan kota kok :v) pas wayahe matahari terbenam, kebetulan aku genti nang Saiyid maneh, kelambi ijo, ono sinar matahari nang muka, pas...dadine kurang lebih koyok ngene :)



Iki aku njajal gae flash, tapi tak edit maneh (halah...kabeh-kabeh yo tak edit :v)


Nah...iki sing mungkasi hunting dino iku....sepasang bidadari dadi siji :v ngene iki kasil e :3
Anggep ae selendang sing gae mabur...tapi ngkok lak gak mabur-mabur...pancet ndek darat :v


Sek tas kenal langsung akrab :v

  
Saya Novy, Saya Saiyid...kami dari...Sana :v (guyon)
Dan...berhubung wes bengi dan flash e konco-konco podo njelang-jeleng kilatan e...dan pas iki, model mulai rodo kesel, dadi...curi-curi titiklah...iki dadine :v


2 Foto ndek nduwur iki sakjane arep tak gae ngkok pas riyoyo...tapi karena iki kejar tayang, yawes tak upload kene ae :v

Sakjane iki fotone munyer, tapi berhubung foto liane bocor jeroan :v yawes tak upload siji ae :v
Sakjane aku rodo' piye yo pas ngedit iki...tapi bah wes...ojo baper...ketok gak pro ne :3
Hanya padaMu lah...aku menyerahkan diri :3


Ya Gusti..kapan THR ku mudun :v
Senyum lelah :v
Dan iki...sing aku bener2 nyuri moment...
Anggep ae mbak Saiyid e ngenteni Gojek :v
Wes...sakmono ae hasilku...lek ono salah-salah kata yo aku njaluk sepuro...jenenge juga komedi :3
Sekian..Wassalamualaikum Wr.Wb...puasa lancar..ojo mokel...Niat Ingsun disek...

4 comments:

  1. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  2. Dadi ceritane mumpung ramadhan model e syar'i wkwk

    ReplyDelete
  3. Perkenalkan, saya dari tim kumpulbagi. Saya ingin tau, apakah kiranya anda berencana untuk mengoleksi files menggunakan hosting yang baru?
    Jika ya, silahkan kunjungi website ini www.kumpulbagi.com untuk info selengkapnya.

    Di sana anda bisa dengan bebas share dan mendowload foto-foto keluarga dan trip, music, video, filem dll dalam jumlah dan waktu yang tidak terbatas, setelah registrasi terlebih dahulu. Gratis :)

    ReplyDelete