Saturday, June 25, 2016

Hunting Ngenteni Buko neng PSI karo Sudiutomo KPN (21 & 24 Juni 2016)

Assalamualaikum Wr.Wb...
Yo'opo kabare riko? Mugo wae sampean tetep seger waras diudani barokah karo Sing Kuoso...

Bengi iki aku arep nge share hasil njepret sepur ku (mbalik maneh nang habitat :v) sing aku ketepakan ngenteni wayah e buko alias Ngabuburit, dan kali iki aku ngeposting 2 dino sing berlainan, polae aku pas iku rodo' aras-arasen arep ngupload, maklum poso :p yaweslah...ra katek suwe..iki kasil e..

21 Juni 2016
Pas iku aku jane ra no rencana gae hunting, tapi ketimbang nganggur ndek omah yo aku njajal spot sing jarene koncoku apik (de'e dewe yo cektas nemokno) ndek Pakisaji, dan...langsung budhal....yoh..mumpung ra ono kata-kata sing iso diucapne..langsung ae..
KA Penataran 463 (feat CC201 77 07 SDT) soko SB nang BL
 Lha...iki pas wayahe balik, perut rodo' mules, sirah puyeng, ambek ono arek cilik dulinan mercon sing aku wedi...yawes, minggat teko tegalan sawah
CC204 01 YK feat KA 102 Malioboro Ekspres
Dan..dino iku dipungkasi karo moleh, sambil golek takjil...

24 Juni 2016
Dan hari hunting pun datang lagi, kali iki nang Sudiutomo Kepanjen, spot sing ra tau tak singgahi 2 tahun kepungkur

CC203 01 07 SDT feat KA 463 Penataran

KA 102 Malioboro Ekspres feat CC206 13 04 YK
Wes...sakmono ae huntingku, ra akeh sing iso ditulis, perkoro ngantuk+mene arep masak gae sahur...yaweslah..sakmono ae...suwun yo wes ndelok blog ku :)

Wassalamualaikum Wr.Wb

No comments:

Post a Comment