Lha, mang sore iki, ono kabar jare sepur 102 nggowo Kawis Nusantara, Kawis Nusantara iki gudu' sembarang Kawis koyo' kawis-kawis liane, terutama, Kabin sing ono ndek mburine Kereto sing difungsikan gae ndelok pemandangan ndek mburine awak dewe, istilah e backride, sopo eruh ono pemandangan sing gak ketok pas ndek ngarep iso didelok teko mburi.
Jam 13.40 aku mulai perjalanan nang nggon hunting, yaitu ndek Lahor, Karangkates, Kabupaten Malang
Jam 14.15 aku teko ndek Lahor, tapi gak koyo sak durunge iki, arek-arek Railfans gak sesemburat mbiyen pas eroh Malioboro Ekspres nggowo Kawis, pas mau iku, malah rodo' sepi.
Jam 15.02 sakjane jam sak mono sepur e wis Ls Kesamben utowo Pohgajih, tapi awak dewe dikabari lek genset e sepur iki ono gangguan pas ndek Madiun, dadi molor suwi.
Sangking gak ono kerjaane, aku iseng-iseng njepret rel, sing tambah aku kagum iku, ternyata akeh ndek lintas Bangil-Blitar iku sing pancet nggae rel gawean tahun 1937, jaman penjajahan lodho mbiyen
![]() |
Rel Gawean tahun 1937 iseh di gae sampe saiki |
![]() |
KA Dhomapel 451 |
![]() |
KA 102 Malioboro Ekspres ambek Kawis Nusantara ndek mburine (Tengen Putih) |
No comments:
Post a Comment