Kabar sing gak ono arek Railfans Daop VIII sing nyongko, mang awan koncone penulis sek tas update status "KA Ketel 2624 berangkat ML", kronologi jam kurang luwih jam 15.47 ono kabar lek sepur ketel lengo 2624 sing di tarik lokomotif CC206 13 99 anjlok 2 as ndek KM 20+8/9 antara Sengon ambek Sukorejo, sauntoro iku pihak Dipo Lokomotif Malang (ML) ngelako'no gerak cepat gae ngatasi anjlokan sing kedaden.
Kasaran e jam 16.12 di budalke teko jalur 3 stasiun ML sing sak durunge dilangsir teko jero ne Dipo Lokomotif, NR sing ditarik CC206 13 92 sing momot crew ambek teknisi dipo langsung budal nang nggon kedadian.
iki ono titik dokumentasi ne NR sing budal dino iki
![]() |
CC206 13 92 nggeret NR (lali aku NR piro) nggowo crew ambek teknisi nang nggon kedadian perkoro |
![]() |
Luwih jelas NR e koyok opo (rai ne teknisi sing ketok ndek lawang e NR wis tak sensor) |
Njaluk sepurane sing akeh lek awak dewe gak iso ngeliput nang nggon kedadian perkoro ndek Sengon, perkoro wis atene maghrib ambek wis peteng lek wis nyampe nang nggone.
Suwun yo rek wis moco blog ku :)
No comments:
Post a Comment