Monday, August 17, 2015

Njepret Sepur, edisi #Hari_Merdeka

Penulis: "17 Agustus tahun 45, itulah hari kemerdekaan kita...hari merdeka nusa dan bangsa, hari lahirnya bangsa Indonesia, Merdeka.."
Cak Kodri: He...ndang dijelasno, ojo nyanyi!
Penulis: Oiyo, sepurane..:v

Lha iku mau wis tak nyanyi'no lagu "Hari Merdeka", polae opo? iki spesial Hari Kemerdekaan, sing ke 70...:v cah cah liane podo melu lombe ndek nggon e dewe-dewe, lha awak dewe? berlomba-lomba njepret sepur sing apik, apik polae ono bender abang putih ndek saben lokomotif sing dinas dino iki, lha...iki foto-foto sing jare penulis apik :)

KA Jayabaya mangkat stasiun ML

Bar e hunting ndek ML, awak dewe ambek liane pindah nggon nang stasiun Blimbing (BMG), lha pas awak dewe teko ndek kono, ono kabar lek KA Dhoho/Penataran 464 silang ambek KA Tawang Alun ndek BMG.

KA Dhoho/Penataran 464 digeret lokomotif CC203 02 01


KA Tawang Alun ls BMG dengan LH Brvtalnya :v


Bar e silang Tawang Alun, KA 464 Dhoho/Penataran budal BMG
 Pindah nggon maneh, saiki ndek sinyal muka Singosari (SGS) pihak BMG, sakjane luwih apik kene timbang spot sing mau, tapi yo lumayan adoh teko embong gede, lha...iki foto-fotone ndek nggon iki :D

KA Penataran/Dhoho 463 digeret CC201 77 10

Dan iki, foto pemungkas hunting dino iki..
KA Bima ls SGS (mlebu ae gurung)
Sakjane ono video sing lewih mungkasi ambek ngumplitno hunting dino iki, tapi yawis lah, masio entuk loko ambek bendero tapi yo ngono, penulis gak iso ng-upload foto ne polae elek, sepurane yo dulur...

Suwun yo rek wis moco blog ku iki :)
Sepisan neh, penulis ngucapno DIRGAHAYU KE 70 REPUBLIK INDONESIA..

MERDEKA!!!!

No comments:

Post a Comment