Wednesday, August 12, 2015

Njepret Bis! edisi #Dampit

Awan mau, awak dewe iseng2 arep nang Dampit, ndek kidul e Kabupaten Malang, tepine segoro jawi kidul, sak durunge, awak dewe ono informasi lek Bis nang Dampit kui iso numpak ndek Arjosari, gak mek ndek Gadang tok, bis-bis gede kui golongan e PO Malinda, Dana Dhasih, ambek pemain bis AKDP terbesar jalur Suroboyo-Malang, Restu Panda, kabeh kui jurusan Suroboyo-Malang-Dampit.

Njeketek, aku dikasih tau ambek wong ndek stanplat lek bis nang Dampit teko Arjosari kui kadang mlaku kadang nggak, luwih akeh nggak e timbang ono e, dadi wis gagal numpak teko stanplat Arjosari, aku numpak bemo AG nang stanplat Gadang.

Tapi sak durunge aku hunting bis ndek stanplat Arjosari sek, iki sing jareku sing paling apik:

Tentrem ATB (body Tentrem Max mesin Hino AK) Suroboyo-Malang-Blitar


Sandy Putra Ekonomi Surabaya-Malang-Jember


Restu Ekonomi (body Laksana Sprinter hino AK) Malang-Suroboyo

Harapan Baru Ekonomi (body Tentrem Max mesin Hino AK) Malang-Blitar-Tulungagung-Trenggalek


Harapan Baru Ekonomi (body Tentrem Inspiro mesin Hino AK) Trenggalek-Malang-Banyuwangi


PO Ladju Ekonomi "Jablay" (body Laksana Comfort) Malang-Banyuwangi

Nah...akhire aku numpak bemo nang stanplat Gadang, sepedah tak deleh Arjosari, dan akhire awak dewe numpak bis cilik nang Dampit e, polae mek ono bis sing cilik-cilik ambek Bison (AKDP Isuzu Elf, tapi iseh gae Isuzu Bison), pas budal tumpakan ku PO Malinda (sakjane ono sing gede nang Suroboyo, tapi gak mlaku dino iki), sak jam berikutnya, wis teko ndek stanplat Dampit, dan ancen stanplat iki spesialis bis cilik arah nang Malang tok, masio Dampit dilewati bis cilik jurusan Malang-Lumajang, tapi bis Lumajangan ora mlebu nang njerone stanplat, dadine mek ono jurusan Dampit-Gadang tok.

Nah, iki foto sing tak jepret ndek kono:

PO Santoso, salah siji ne andalan wargo Dampit lek atene nang Malang kutho

dan wayahe moleh pun teko, ini ono sitik foto sak durung e budal moleh ambek bar e teko ndek stanplat Gadang
Bis sing tak tumpak i mbalik nang Gadang, PO Al-Akbar, nggae body bekase PO Bagong, ono TV LCD ambek Full Music ndek jero

Duo PO Malinda cilik, sing paling akeh dan sing paling ngejreng

Sekian. entenono trip mari ngene, ono maneh ngkok foto-fotone
Matursuwun wes moco blog ku sing elek iki :)


Sugeng Ndalu, Nedun Nerimo :)

2 comments: